logoblog

Dialog Wayang dalam Bahasa Jawa

5/06/2017





DYD= Duryudana
Bis= Bisma
KRN= Adipati Basukarna
SKN= Sengkuni
DNO= Durna

DYD : Dereng dangu rawuh paduka kanjeng eyang ing Talkandha, wonten setinggil Nagari Astina, kula ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu konjuka pepada paduka kanjeng eyang ing Talkandha.

BIS : Iya putu prabu, pangabektine putu prabu wus tak tampa ing tangan loro kapetegake ing pranaja rumeket ing wardaya mimbuhana bawa leksana, amung pudyastawaning pun kaki marang putu prabu di-age tampanana.

DYD : Kula cadhong ing tangan kula kekalih, paring pangestu paduka kanjeng eyang ing Talkandha kapundhi ing mestaka dadosa jimat. Miwah dereng dangu rawuh jengandika bapa Druna ing setinggil Nagari Astina, kula ngaturaken pambagya basuki.

DNO : O inggih ngger gusti kula ingkan sinuwun, kula cadhong tangan kula kalih, paring pembage paduka ingkang rumentah dhateng ingkang bapa ing Sokalima.

DNO : Namung kula misungsung pudyastuti konjuka paduka gusti kula ingkang sinuwun, kawula nok non.

DYD : Enggeh bapa, kula tampi damel bingah ing manah. Dereng dangu rawuh paduka kakang prabu ing Ngawangga, kula ngaturaken panakrama pambage konjuka paduka kanjeng kaka prabu.

KRN : Inggih yayi, kula cadhong ing tangan kula kekalih sih panakraminipun yayi prabu ingkang rumentah pun kakang. Kula kalungaken ing jangga kapeteg ing pranaja, namung pudyastawaning pun kakang tumanduka paduka yayi prabu.

DYD : Enggeh kakang prabu, kula tampi ing tangan kula kekalih paring pangestu paduka kanjeng kaka prabu. Paman, paman Sengkuni.

SKN : Kula wonten pangandika ingkang adhawuh sinuwun.

DYD : Durung sawatara pakenira seba ing ngarsa manira, paran raharja paman.

SKN : Inggih, raharja sowan kula ing ngarsa paduka gusti kula ingkang sinuwun, naming sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu mugi konjuka sahandap ing pepada.

DYD : Enggeh paman, kula tampi, naming dhawaha sami-sami. Kajawi saking menika eyang, eyang ing Talkandha.

BIS : Apa ngger putu prabu?

DYD : Pinten-pinten raos ingkang kula kandhut wonten salebeting sanubari, kirang langkung tigang candra ing kalenggahan menika, saweg badhe kababar karana paduka sampun kepareng rawuh wonten ing setinggil Nagari Astina, mboten sabab saking menapa melang-melanging manah ngraosaken tingkah pakartining bapa Pandhita Druna anggenipun anggung reraketan lan para kadang-kadang kula Pandawa.

Senadyan, kula lan para wayah paduka Pandawa maksih daging-madaging, sami-sami trah Begawan Wiyasa, nanging ing tat gelar sadherek salebeting batos, dumadosing Pandawa kula anggep satunggaling klilip, ngibaratipun kula tiyang lumampah, dados satunggaling pepalang ingkang ageng. Langkung-langkung magepokan kaliyan suraosing jangka jangkaning Dewa kodrating jagad, kauling para brahmana resi, bilih ing jagad perang ageng ingkang kaping sekawan sinebat Bratayuda Jayabinangun, tetandhinganing Pandawa lan Kurawa.

Mangka nyatanipun bapa ing Sokalima menika wonten Nagari Astina kajunjung minangka dados pujangganing nagari, menawi idheping tekad katresnanipun mangro tingal, mboten mligi dhateng para Kurawa, mboten wande ing tembe tumapaking Bratayuda, lumadosing prang para Kurawa naming badhe anjejereng wirang. Ingkang menika dhuh kanjeng eyang, wontena suka-lilaning panggalih peparing wawasan murih priyogining lampah sampun ngantos kadlarung-dlarung pakartining Pandita Druna ingkang nyatanipun damel ribeting raos kula.

Sekian contoh dialog wayang dalam Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.


logoblog

Artikel Terkait

Previous
Next Post »

1 komentar:

Write komentar